Pambuko

Jumat, 27 April 2012

Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh..

Sepindah sumonggo kito tansah ngunjukaken raos puji Syukur dumetheng ngarsanipun Allah SWT.,, ingkang sampun maringi mapinten-pinteng rahmat, taufiq, hidayah soho inayahipun dumateng kito sedoyo, sehinggo ing wekdal puniko, kito taksih dipun kersaaken dening Allah, saged ambegan gratis, dipun paringi wekdal kangge ambagusi tindak-tanduk ugi unggah-ungguh tumrap sedoyo makhlukipun Allah, khususipun maring sedoyo manungso ing ngalam dunyo ingkang fana' puniko, mugiyo kanthi bibinahu bahasa jawi puniko kulo panjenengan sedoyo,saged pikantuk Rohmatipun Allah benjang ing yaumul qiyamah lantaran agawe bagus datheng sedoyo makhluk.

Mboten Kesupen, Sholawatullah wasalaamuhu, mugio tetep kahaturaken dumatheng junjungan kito, Baginda Nabi Agung Nabi Muhammad SAW. ingkang sampun nuntun umatipun wiwit zaman jahiliyah dumugi zaman islamiyah kados sakmeniko. Mugiyo kito sedoyo angsal Syafa'atipun wonten yaumul Qiyamah sak mangke. Aamiin yaa Robbal 'alamiin.

Sugeng Rawuh wonten Blog Enggal Kawulo, inggih puniko blog ingkang kawulo sebat kaliyan nami "Putri Jawi Wetan". Blog meniko kawulo damel kanthi mapinten-pinten panejo, salah satunggalipun inggih  puniko, kangge anjagi kelestarianipun bahasa jawi wonten ing Indonesia, khos ipun wonten ing tlatah jawi.
Katah sanget tiang jawi ananging mboten njawani. Katah sanget tedak turun suku jawi ingkang dereng mangertos unggah-ungguh, tindak tanduk, soho tata krama mungguh suku jawi. Amargi sak meniko jamanipun jaman edan, yen ora ngedan ra keduman.
Pramilo saking meniko, kawulo ing mriki badhe nuturaken pinten-pinten pepenget, supados kulo panjenengan sedoyo, khususipun tiang jawi, mboten  supe kaliyan adat-istiadat lan unggah-ungguhipun masyarakat jawi.
wonten blog puniko, sumonggo kito bibinahu sesarengan, sami ngemut-emut punopo ingkang dados pepeling kulo panjenengan sedoyo. Kawulo sebat blog meniko kanthi "Putri Jawi Wetan" amargi kulo meniko asli tiang Jawi Wetan. Mugiyo blog meniko saged manfa'ati dumatheng panjenengan sedoyo.

Cekap semanten pambuko saking kawulo, menawi wonten klenta-klentunipun atur, kawulo nyuwun sih samudro pangaksami.

 Wassalamu'laikum warohmatullahi wabarokatuh
                                                                                                      Saking
                                                                                                  Kawulo Alit 


Free Template Blogger collection template Hot Deals SEO

0 komentar:

Posting Komentar