Kautaman Lelungguhan Kaliyan Tiyang 'Alim

Rabu, 09 Mei 2012

Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Wasiat maring Sohabat Ali mengkene :
Yaa Ali ..., sopo wongkang moco Qur`an, ing hale dheweke ora ngalalake barang kang wus di halalake dening Qur`an, lan ora ngaromake barang kang wus di haromake dening Al Qur'an, Mongko ono sopo wong mahu dadi golongane wongkang buang Qur`an ing ndalem mburine.
Kanjeng Nabi Muhammad SAW. dawuh mekaten :

Syaiton VS Anak Adam

 >> Abu Laits Ngendiko :
Anak adam iku nduwe mungsuh 4, yoiku :
  1. Dunyo : Dunyo iku penggehane nipu. Allah Ta'ala sampun ndawuhaken wonten Al Qur'anul Kariem, ingkang artos ipun mekaten : "Mongko ojo ngasi nipu ing siro opo kauripan dunyo" wallahu a'lam bimurodihi.
  2. Nafsu : Nafsu iku luwih bangete satru. Dawuhipun Kanjeng Nabi SAW. : "Luwih bangete satru iro, yoiku nafsu kang ono sanding iro" . Pangendikanipun Nabi Yusuf  'Alaihis Salaam. : " Ora bar-bar ingsun anggone nulayani nafsu ingsun, saktemene nafsu iku banget anggone ngajak maring penggawe Ala.

Bondo Halal VS Bondo Harom

Selasa, 08 Mei 2012

Sayyidina Ali ngendiko mengkene, Rasulullah nimbali aku, mongko aku banjur sowan kanti persepen ono ing daleme, tumuli Rasulullah dawuh marang aku, dawuhe kang bakal katerangake ing ngisor iki :
Ya Ali... sliramu iku tumrap marang ingsun derajate koyo panjenengane Nabi Harun karo Nabi Musa, kejobo saktemene wus ora ono nabi maneh sakwuse ingsun (Nabi Harun iku kakange nabi Musa 'alaihimas salaam). Ya Ali, saktemene ingsun arep wasiat marang sliramu ing ndalem iki dino kelawan piro-piro wasiat. lamun sliramu biso apal utowo ngrekso mongko sliramu bakal dipuji dening Gusti Allah lan manungso, lan mati syahid, lan Gusti Allah bakal nangeake ing sliramu ing  mbesok dino qiyamah hale dadi wongkang 'alim faqih. Ya Ali :..

Pambuko

Jumat, 27 April 2012

Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh..

Sepindah sumonggo kito tansah ngunjukaken raos puji Syukur dumetheng ngarsanipun Allah SWT.,, ingkang sampun maringi mapinten-pinteng rahmat, taufiq, hidayah soho inayahipun dumateng kito sedoyo, sehinggo ing wekdal puniko, kito taksih dipun kersaaken dening Allah, saged ambegan gratis, dipun paringi wekdal kangge ambagusi tindak-tanduk ugi unggah-ungguh tumrap sedoyo makhlukipun Allah, khususipun maring sedoyo manungso ing ngalam dunyo ingkang fana' puniko, mugiyo kanthi bibinahu bahasa jawi puniko kulo panjenengan sedoyo,saged pikantuk Rohmatipun Allah benjang ing yaumul qiyamah lantaran agawe bagus datheng sedoyo makhluk.