Kautaman Lelungguhan Kaliyan Tiyang 'Alim

Rabu, 09 Mei 2012

Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Wasiat maring Sohabat Ali mengkene :
Yaa Ali ..., sopo wongkang moco Qur`an, ing hale dheweke ora ngalalake barang kang wus di halalake dening Qur`an, lan ora ngaromake barang kang wus di haromake dening Al Qur'an, Mongko ono sopo wong mahu dadi golongane wongkang buang Qur`an ing ndalem mburine.
Kanjeng Nabi Muhammad SAW. dawuh mekaten :
"Sopo wongkang lungguh ing ndalem sandinge wong 'alim rong (2) jam, utowo mangan bareng karo wong 'alim kelawan rong (2) pulukan, utowo melaku barengan kelawan rong (2) jangkahan, Mongko Allah paring ing iku wong ing suargo loro (2), saben-saben suargo siji podo karone dunyo ambal kaping pindo".
Kacaritaaken saking sayyidina Ali saking kanjeng Nabi ngendiko : " Ingsun takon malaikat jibril songko wongkang anduweni ilmu, malaikat jibril ngendiko : " Tiyang ingkang gadah ilmu (Ulama) meniko dados obor ipun umat panjenengan ing ndalem dunyo lan akhirat. Pramilo bejo kemayangan tiyang ingkang purun ngempal poro 'ulama', ciloko sanget tiyang ingkang geting utawi jengkel ing poro ulama".
Kanjeng Nabi Muhammad dawuh mekaten :
" Sopo wongkang sholat sarto jama'ah lan gelem lelungguhan ing ndalem kumpulane ilmu. lan krungu dawuhe Gusti Allah lan gelem ngamal opo dawuhe, mongko Gusti Allah bakal paring ing 6 (enem) perkoro :
  1. Rizki kang halal
  2. Bakal slamet songko sikso Qubur.
  3. Bakal diparingi catetan amale kelawan tangan tengen.
  4. Bakal Liwat sirot koyo kilat kang nyamber
  5. Bakal dikumpulake sartane poro Nabi.
  6. Gusti Allah bakal anggaweake omah ing ndalem suargo, kedadeyan saking yakut kang abang, kang anduweni lawang 40 (patang puluh).

Terjemah Bahasa Indonesia :

Nabi Muhammad SAW, berwasiat kepada Sahabat Ali demikian :
Yaa Ali..,Barang siapa membaca Al Qur'an namun jika dia tidak menghalalkan perkara yang telah di halalkan oleh Al Qur`an dan tidak mengharamkan perkara yang telah di haramkan oleh Al Qur`an, maka orang tersebut termasuk golongan orang - orang yang membuang Al Qur`an di belakangnya.
Nabi Muhammad SAW. bersabda :
" Barang siapa duduk bersanding/bersama dengan orang alim 2 jam, atau makan bersama orang alim 2 pulukan/sendok saja, atau berjalan bersama-sama.mengiringi orang alim 2 langkah kaki saja, maka Allah akan memberikan pada orang tersebut 2 syurga, masing-masing surga luasnya yaitu dua kali lipatnya bumi.
Diceritakan oleh sayyidina Ali, bahwa Nabi Muhammad bersabda : 
" Aku bertanya pada malaikat jibril tentang orang yang memiliki  ilmu, dan Jibril berkata : " Orang yang mempunyai ilmu (ulama) itu adalah obor (penerang) bagi umat mu di dunia dan di akhirat. Maka dari itu, sungguh beruntung orang yang  mau berkumpul dengan ulama', dan sungguh celaka orang yang benci atau jengkel dengan para ulama'"
Nabi Muhammad SAW bersabda :
" Barang siapa sholat dengan berjama'ah dan mau duduk di dalam suatu majlis ilmu, dan mendengar Kalam Allah (ayat-ayat Al Qur`an) dan mau mengamalkannya, Maka Allah akan memberikan 6 perkara :
  1. Rizki yang halal
  2. Akan selamat dari siksa Qubur
  3. Akan menerima catatan amal dengan tangan kanan.
  4. Akan melewati sirotol mustaqim secepat kilat yang menyambar
  5. Akan dikumpulkan beserta para Nabi.
  6. Allah akan membuatkan rumah di dalam surga dari yaqut berwarna merah, yang mempunyai 40 pintu.

Sumber : Washiyyatul Musftofa karya Kyai Asrori Magelang Jawa Tengah, Hal. 16-17.



Free Template Blogger collection template Hot Deals SEO

0 komentar:

Posting Komentar